Wulangan Kaping 4 - Indramayu Sugih Kesenian

 
Image by Pexels (iStock)
Indramayu Sugih Kesenian
Sing arane kesenian daerah iku akeh jenis lan lan maceme ning Kabupaten Indramayu. Jenise yaiku ana seni rupa, seni sastra, seni tari, seni tetembangan, seni gamelan, seni pangging lan seni arak-arakan. Biasane seni tari, seni tetembangan lan seni gamelan wujude dipanggungaken utawa ning arak-arakan.

Seni rupa sing kegolong kesenian daerah kayadene gawe wayang kulit, gawe wayang golek, gawe kelir sandiwara, lan sejen-sejene. Seni sastra duwe wujud ning nulis utawa maca macapat utawa bujanggaan.

Ning seni panggung lan arak-arakan akeh maceme. Tar;ing, sandiwara, wayang kulit, wayang golek, genjring akrobat, sintren, tari topeng, tari trebang, tari tayub iku maceme sing di panggungaken. Ana maning seni sing diarak sedalan-dalan, kayadene manuk-manukan, seni kebo ngamuk utawa seni bleknong.

Anane seni-seni macem iku pancen duwe kaitan karo masyarakat. Sebab masyarakat duwe andil melu ngurip-uripi kesenian daerah. Masyarakat nanggap hiburan sing wujude kesenian daerah sing jumblahe macem-macem iku. Dadi, kesenian bisa urip.

Biasane masyarakat nanggap kesenian daerah kerna duwe keperluan, yaiku kanggo acara keluarga. Kayadene acara sunatan, rasulan, utawa kawinan. Ana maning nanggap kesenian daerah kanggo acara adat desa, kayadene acara sedekah bumi, mapag sri, baritan, ngunjung, nadran utawa ngarot.

Yu, njawab pitakon!
Coba jawaben pitakonan ning sor iki kanggo nguji pemahaman ning isi wacaan!
  1. Kesenian daerah Indramayu akeh jenise. Sebutaken 5 jenis bae!
  2. Ana seni rupa ning kesenian daerah. Sebutaken 3 wujud seni rupa!
  3. Kesenian daerah Indramayu akeh maceme. Sebutaken 5 macem bae!
  4. Ana acara keluarga ning masyarakat sing nanggap kesenian daerah. Sebutaken 3 acara keluarga!
  5. Ana acara adat ning masyarakat sing nanggap kesenian daerah. Sebutaken 5 acara adat masyarakat! 

Yu, nulis ukara!
Coba isenana ning titik-titik sor iki sing pas karo tembung kanggo gawe ukara!
Conto:
Sintren : Ana tontonan sintren ning baladesa

  1. Wayang kulit : .....
  2. Wayang golek : .....
  3. Berokan : .....
  4. Kuda lumping : .....
  5. Sandiwara : 


0 Response to "Wulangan Kaping 4 - Indramayu Sugih Kesenian"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel