Alas Mangrove Karangsong

Alas Mangrove Karangsong

Alas Mangrove Karangsong
Ning pesisir Karangsong Kecamatan Indramayu sekiyen katon bagus lan asri. Mandeng segara krasa jagat amba pisan. Ndeleng prau lan kapal nambah ati krasa seneng. Apa maning nyawang tanduran mangrove, perasaan bungah pisan.

Alas tanduran mangrove ning pesisir Karangsong pancén beli ujug-ujug ana. Tapi asil sing ditandur sing awit taun 2007. Para penggerak lingkungan lan ewonan masyarakat nglakokaken nandur mangrove ning kono. Sawise mangrove ditandur, terus diopeni sampe gede.

Tanduran mangrove akéh gunané. Utamané bisa nahan ombak supaya pesisir beli kena abrasi. Bisa dadi lingkungan uripé manuk-manuk, uga iwak- iwak pada krasan ning sor tanduran mangrove iku. Sekiyen tanduran mangrove wis duwur-duwur. Kaya alas sing adem, bagus, lan asri ana ning pesisir. Alas Karangsong dadi tempat wisata kanggo plesiran.

Miturut Abdul Latief, pemerhati lingkungan sing duwé kelompok Rumah Berdikari, ning jagat sedunya ana 200-an jenis tanduran mangrove. Ning Indonesia ana 117 jenis. Diungkapaken, "Jenis sing ana ning Indonesia iku, 60% antarané ana ning Indramayu. Uga ana ning Pulo Menyawak. Ana telung jenis mangrove, yaiku mangrove mayor. minor, lan asosiasi.
Alas Mangrove Karangsong

Déwéké terus nyebutaken pira-pira tanduran sing kegolonge mangrove mayor utawa mangrove inti, kayadene bakoan, api-api, pidada, nipah lan daon.

"Anané alas mangrove iki wujud sedekah oksigen kanggo lingkungan. Sedekah oksigen iku kudu ana, sebabé hasil oksigen sing mangrove luwih gede dibanding tanduran sing ana ning darat, yaiku kira-kira siji banding lima," kocape Abdul Latief maning.

Jawaben kanggo ukara sing pas karo wacaan Alas mangrove Karangsong!
1. Apa sing dirasa sewaktu mandeng segara?
2. Apa sing dilakokaken para penggerak lingkungan lan masyarakat sawise nandur mangrove?
3. Ana pira jenis mangrove? Sebutaken!
4. Apa sebabe tanduran bako/mangrove bisa nahan ombak?
5. Apa sebabe pesisir Karangsong dadi tempat wisata?


Yu, genau pramasastra!
Pramasastra iku pada bae karo "tata bahasa". Ning pelajaran kien ana genau dasanama lan tembung walikan.
Dasanama iku pada bae karo "persamaan kata" utawa "sinonim". Tembung walikan iku pada bae karo "lawan kata" utawa "antonim".
Coba jawab soal ning sir iki!

1. Ndeleng prau lan kapal nambah ati krasa seneng. tembung dasanama ndeleng, yaiku...
2. Perasaan bungah pisan. Tembung dasanam bungah, yaiku.....
3. Katon bagus lan asri. Tembung walikan bagus, yaiku...
4. skien tanduran bako/mangrove wis duwur-duwur. Tembung walikan skiyen, yaiku...
5. Hasil oksigen sing mangrove luwih gede. tembung walikan gede, yaiku.....


0 Response to "Alas Mangrove Karangsong"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel