Tembang Daerah Dermayon

Tembang Daerah Dermayon
Image by Facebook Indramayu Kota Mangga
Sedurunge nembang dolanan luwih bagus kudu weruh dikit, apa iku tembang dolanan? Tembang dolanan iku salah sawijine tembang sing ditembangaken bocah-bocah. Tapi dudu sekedar nembang bae. Uga campur karo dolanan. Sing arane dolanan tamtu bae ana gerak-gerike. Dadi tembang dolanan iku ana tembangane, ana dolanane, lan ana gerake.

Biasane tembang dolanan dilakokaken bocah akeh. bisa bocah papat, lima, enem, sampe sepuluh uga bisa. salah sawijine tembang dolanan yaiku mengkenen.

Si batur olih sekentrung
kentrunge jambe warna
tangise batang urang
tak kempang awang-awang
tak kemping iwing-iwing
batok bolu ayam kate
dalulu lulu ngglenggem
mantra-mantri tiba bogem

kukung-kukung kukung-kukung


Ning tembang dolanan iku ana bocah sing "dadi". Bocah-bocah sejene ana ning sekeliling mbari nembang lan muter-muteraken watu cilik ning duwur gigire bocah sing dadi. yen tembangan wir pragat, tibane watu ning tangane salah sawijine bocah mau.
Bocah sing dadi iku tengkurep, mbari niteni tembangan pragat, deweke kudu bisa mbadek watu ana ning tangane sapa? Yen badekane salah, deweke kudu tengkurep maning. Yen badekane bener, bocah sing nggenggem watu sing akhire "dadi".

Yen wis paham ning tembanag kuwen, yu bareng-bareng nembangaken. Terus diprakteaken, sapa sing dadi, sapa sing nembang.

Sawise nembang, coba jawaben soal ning sor iki sing ana kaitane karo tembung-tembung sing ana ning tembang dolanan.
  1. Ning teks tembangan iku ana aran wiwitan, yaiku .....
  2. Ning teks tembangan iku ana aran satoan, yaiku .....
  3. Sing munine awang-awang, yaiku arane .....
  4. Yen tak keming, munine .....
  5. Sing tiba mbogem, yaiku .....

Yu, nembang maning!

Sawise nembang sing kaping siji, yu nembang maning tembangan sing kaping loro, yaiku "Ula-ula Kelabang". Sedurunge nembang, coba titenana tembung-tembunge!

Ula-ula Kelabang
Ula-ula kelabang
kelabang dawa buntute
apa abang apa ireng
hap

bocah-bocah barisa
barise ula kelabang
apa putih apa abang
hap


Sawise nembang, coba jawaben soal ning sor iki sing ana kaitane karo tembung-tembung sing ana ning tembang dolanan.
  1. Miturut teks tembangan, sing dawa buntute yaiku .....
  2. Miturut teks  tembangan, warna-warna ula kelabang yaiku .....
  3. Miturut teks tembangan, sing dikongkon baris yaiku .....

Yu nembang maning! 

Sawise nembang sing kaping siji, yu nembang maning tembangan sing kaping loro, yaiku "Ula-ula Kelabang". Sedurunge nembang, coba titenana tembung-tembunge!

Nonton Berokan
Ayu batur pada nonton berokan
yen berokan dolanan kaya macan
bisa ngobrol satoan apa bae
galak-galak dorogdogdog waradalah

Bapak tuwa priwen suarane jaran?
ala bapa tuwa
priwen suwarane kebo?
ala bapa tuwa

Ala bapa tuwa
priwen suarane welut?

Sawise nembang, coba jawaben soal ning sor iki sing ana kaitane karo tembung-tembung sing ana ning tembang dolanan.
  1. Sapa sing diajak nonton berokan
  2. Seni berokan iku kaya satoan apa?
  3. Mbeeee, mbeeee, mbeeee, iku suwarane satoan apa?
  4. Suwarane kucing iku kepriben?
  5. Suwarane satoan welut krungu beli? 


0 Response to "Tembang Daerah Dermayon"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel