Bahasa Indramayu Kelas 5 SD/MI Tema 2 - Urip Sedina-dina

Bahasa Indramayu Kelas 5 SD/MI Tema 2 - Urip Sedina-dina

A. GENAU BEBASAN

Basa Dermayu due loro undak-usuk basa utawa tingkatan basa. Kaping siji, iku basa ngoko utawa bagongan. Kaping loro, yaiku basa krama utawa bebasan.

  1. Esuk iku, basa krama/bebasane Enjing puniku
  2. Lagi ngabsen, basa krama/bebasane Siweg ngabsen
  3. Rupa-rupane, basa krama/bebasane Rupi-rupine
  4. Ana siji, basa krama/bebasane Wonten setunggal
  5. Beli teka, basa krama/bebasane Boten dugi
  6. Endi, basa krama/bebasane Pundi
  7. Kenangapa, basa krama/bebasane Kenging punapa
  8. Mbuh, basa krama/bebasane Wikan
  9. Beli weruh, basa krama/bebasane Boten sumerep
  10. Sapa, basa krama/bebasane Sinten
  11. Kesuwun ucapane, basa krama/bebasane Kesuwun wiraose
  12. Kaya-kayane, basa krama/bebasane Kados-kadose
  13. Mekonon, basa krama/bebasane Mekoten
  14. Blenak, basa krama/bebasane Boten eca
  15. Supaya, basa krama/bebasane Supados
  16. Kudu mangan, basa krama/bebasane Kedah dahar
  17. Wis, basa krama/bebasane Sampun
  18. Bae, basa krama/bebasane Mawon
  19. Skiyen, basa krama/bebasane Saniki
  20. Ayu bebarengan, basa krama/bebasane Ayu sesarengan
  21. Beli sekolah, basa krama/bebasane Boten sekolah
  22. Ya, bener, basa krama/bebasane Nggih, leres
  23. Krasa atis, basa krama/bebasane Kraos atis
  24. Apa, basa krama/bebasane Apa
B. Isenana jawaban nganggo basa krama/bebasan sing pas
  1. Esuk iku lagi ngabsen, Basa krama/bebasane yaiku.....
  2. Ana siji sing beli teka, Basa krama/bebasane yaiku.....
  3. Ya, bener krasa atis, Basa krama/bebasane yaiku.....
  4. Ngalami mekonon beli enak, Basa krama/bebasane yaiku.....
  5. Skien ayu bebarengan, Basa krama/bebasane yaiku.....

0 Response to "Bahasa Indramayu Kelas 5 SD/MI Tema 2 - Urip Sedina-dina"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel