Tema 3 - Macem-macem Pegawean

 A. Sinau wiraos

Sederenge pelajara ilai, mangga sinau wiraos basa Dermayu krihin. Mangga, basa krama/bebasan kiyen diwaca lan ditulis!

  • Esuk (Pagi), basa krama/bebasane Enjing
  • Awan (Siang), basa krama/bebasane Siyang
  • Sore (Sore), basa krama/bebasane Sonten
  • Bengi (Malam), basa krama/bebasane Dalu
  • Udan (Hujan), basa krama/bebasane Jawoh
  • Terang (Reda), basa krama/bebasane Terang
  • Mednung (Mendung), basa krama/bebasane Mendung
  • Srengenge (Matahari), basa krama/bebasane Srengenge
  • Wulan (Bulan), basa krama/bebasane Sasi
  • Lintang (Bintang), basa krama/bebasane Lintang

 




B. Yu, Maca wacaan! 

Wacaen teks ning sor iki sing titen lan tlaten!

Usaha Trasi

Kabupaten Indramayu iku parek karo segara. Hasil sing segara
macem-macem iwak. Uga, ana urang. Urang sing cilik arané rebon
Rebon iku bisa kanggo bahan gawé trasi. Ning Dermayu akeh wong
usaha gawé trasi
Trasi sing Dermayu dikenal sedep. Kanggo campuran masakan dadi énak, kayadené dicampur ning sega goréng. Usaha dagang trasi bisa maju. Gawé trasi lan dagang trasi iku usaha wiraswata sing bisa nambah kasilan kluwarga.

Bahan trasi yaiku rebon, Rebon dibebek sampé alus, terus dipépé sampé garing. Sawisé garing, dibebek
maning karo campuran bahan-bahan séjéné, kayadéné sega supaya bisa kraket. Dibebek sampe alus, akiré dadi trasi.

Sekiyen ana ciptaan anyar sing bahan trasi, yaiku trasi dicampur karo goréngan bawang. Disebuté siwang, sebab campuran trasi karo bawang. Rasane luwih enak lan gurih.

C. Latian!

  1. Urang sing cilik arane.....
  2. Rebon iku asale diluru sing.....
  3. Gawe trasi lan dagang trasi iku usaha wiraswasta.....
  4. Trasi iku bisa dadi bahan masakan, sing cocog yaiku campuran ning.....
  5. Trasi iku digawe sing..... 
  6. Parek karo segara. Tembung walikan parek, yaiku..... 
  7. Sing cilik arane rebon. Tembung walikan cilik, yaiku.....
  8. Bisa nambah kasilan. Tembung walikan nambah, yaiku.....
  9. Dipepe sampe garing. Tembung walikan garing, yaiku....
  10. Usaha dagang bisa maju. Tembung walikan  maju, yaiku.....  

0 Response to "Tema 3 - Macem-macem Pegawean"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel