Bahasa Indramayu Kelas 4 SD/MI - Tema 6 Kaendahan Negri

Bahasa Indramayu Kelas 4 SD/MI - Tema 6 Kaendahan Negri


Yu, genau Parikan!

Salah sawijine karya sastra ning Dermayu, yaiku parikan. Biasane parikan iku secara ceplos (spontan) diucapaken. Akeh parikan sing wis dadi apalan ning masyarakat, tapi arang-arang sing ditulis. Senajan ngembang ning masyarakat Dermayu, rupane ana salah kaprah. Masyarakat sering nyebute iku wangsalan. Padahal, antara parikan karo wangsalan iku sejen. Kanggo ngeling-ngeling, bisa dikaitaken karo basa Indonesia yaiku pantun. Parikan iku pada bae karo pantun. Kabeneran, basa krama/bebasan "pari" iku pantun. Dadi, kanggo ngeling-ngeling "parikan" iku pada bae karo pantun ning basa Indonesia.

Contoh Parikan.

1. Parikan Rong Wangda

Tuku klasa sing ngajak batur

Indonesia negri sing makmur

Parikan kien kasebut "parikan rong wangda" utawa due rong baris. Ning parikan ana "jejer" lan ana "isi/maksud" yaiku:

  • baris kaping-1 iku kasebut jejer
  • baris kaping-2 iku kasebut isi/maksud
Parikan uga duwe pola. Ning parikan kien duwe pola a-b-a-b, sebab:
  • baris kaping-1 munine: tuku klasa sing ngajak batur
    Muni akhire batur utawa ur, minangka pola a
  • baris kaping-2 munine: Indonesia negri sing makmur
    Muni akhire makmur  utawa ur, minangka pola a
    dadi, ning parikan kuwen ana pola ur-ur, utawa pola a-a, yaiku:
    Tuku klasa sing ngajak batur (a)
    Indonesia negri sing makmur (a)
2. Parikan Patang Wanda
Nonton bodoran dadi gemuyu
Wayah sore dilanjut cerita
Kita seneng ana ning Dermayu
Tambah akeh tempat wisata

Parikan kien kasebut parikan patang wanda utawa duwe patang baris. Ning parikan ana "jejer" lan ana "isi/maksud" yaiku:

  • baris kaping-1 lan kaping-2 iku kasebut jejer
  • baris kaping-3 lan kaping-4 iku kasebut isi/maksud
Ning parikan kien duwe pola a-b-a-b, sebab:
  • baris kaping-1 munine: nonton bodoran dadi gemuyu
    Muni akhire gemuyu utawa yu, minangka pola a
  • baris kaping-2 munine: wayah sore dilanjut cerita
    Muni akhire cerita  utawa ta, minangka pola b
  • baris kaping-1 munine: kita seneng ana ning dermayu
    Muni akhire dermayu utawa yu, minangka pola a
  • baris kaping-2 munine: tambah akeh tempat wisata
    Muni akhire wisata  utawa ta, minangka pola b

    dadi patikan kiyen due pola a-b-a-b
    Nonton bodoran dadi gemuyu (a)
    Wayah sore dilanjut cerita (b)
    Kita seneng ana ning Dermayu (a)
    Tambah akeh tempat wisata (b)
Demikian postingan saya kali ini mengenai Bahasa Indramayu Kelas 4 SD/MI - Tema 6 Kaendahan Negri. Jika kalian menginginkan update terbaru dari blog ini silahkan like Fanspage Doeloer Pendidikan.

Semoga informasi di atas dapat membantu dan berguna, terimakasih

0 Response to "Bahasa Indramayu Kelas 4 SD/MI - Tema 6 Kaendahan Negri"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel